Halo dulur-dulur SUGAS, piye kabare? apik - apik wae tah?
Mugo-mugo Arek SUGAS podho sehat kabeh. Sakdhurunge nindakno poso, luwih becik yen podho silaturahmi karo dulur-dulur SUGAS. Ya, SUGAS arep ngenekno Cangkruan kaping 6 dijamin seru lan akeh manfaate.
Kapan sih acarane ?
Acarane bakal dienekno ndek kampus ITATS (Intitut Teknologi Adhi Tama Surabaya). Acara iki bagian soko sosialisasi SUGAS nang kampus-kampus ben paseduluran SUGAS tambah akeh tambah solid. Sing padha dhurung weruh panggonanne, ITATS kalebu tlatah Klampis ( Jln. Arief Rachman Hakim 100 Surabaya 60117). Cangkruan iki bakal dimeriahno karo engineer pabrik sepeda sing paling terkenal se-Indonesia, banjur acarane dilanjutke konsep uji kekuatan sistem digital karo PT. Arisma Data Setia. Acara penting iki ojo sampek dilewatno Cak, soale bakal ono modul gratis lan merchandise sing apik-apik.
Piye carane daftar ? Ora bedo karo cangkruan sakdurunge, langsung wae daftar via sms utowo klik ae link sing nang ngisore agenda :
Link pendaftaran Cangkruan SUGAS VI :
Ojo kesuwen, langsung daftar ae saiki, ben ga ketinggalan merchandise keren-keren soko SUGAS. Salam SUGAS.
View Surabaya in a larger map
Post a Comment